UYON-UYON
A. Pangertosan
1. Saking
tembung ‘manguyu-uyu’ inggih menika pasugatan gendhing mirunggan ing adicara
pahargyan pinanganten utawa ing pagelaran ringgit purwa.
2. Saka
tembung ‘uyu’, (kn.) Gegendhingan nabuh gamelan (ing nalikane duwe gawe)
miturut Baoesastradjawa W.J.S Poerwadarminta
B. Tuladha
lan piwulang saka tembang
1. Lelagon
Pangatag, Laras Pelog Pathet Nem
Bapakne
wanci esuk
Tlaten
temen kowe thenguk-thenguk
Ngeling
ana ning pawon kendhile nggoling
Lha
iku harak butuhmu
Isen-isen
jroning pawon
Iya
bener kandhamu
Pawon iku
dadi kwajibanku
Ning
pikiren beras entek bumbu tapis
Yen ngono
aku sing kojur
Apa sing
kudu tak adol
Aja
keladuk gemblung
Uwong
lanang mung pawitan dhengkul
Apa
seneng yen brayatmu padha klingsir
Mangka
aku seneng nganggur
Mangan
turu omong kosong
Hambok
welas anakmu
Galo kae
ana kebon jembrung
Sregep ana
olah lemah ditanduri
Aku njaluk
sangu pacul
Tumandhang
anganggap kebon
Piwulang
ingkang saged kita pethik saking tembang
a. Bapak
iku satriyaning kaluwarga, kudu sregep makarya kagem nyukupi kabutuhan
kaluwarga.
b. Ibu
minangka tuladha kanggo putra, mula kudu sabar ngadepi kahanan.
c. Ibu
gadhah kuwajiban ngurusi omah.
d. Aja
mung nganggur ana ngomah lan mung omong kosong.
2. Lancaran
Gugur Gunug, Laras Pelog Pathet Barang
Ayo
kanca ayo kanca ngayahi karyane praja
Kene
kene gugur gunung tandang gawe
Sayuk sayuk rukun bebarengan ro kancane
Lila lan legawa kanggo mulyaning negara
Siji loro telu papat. . . maju papat
papat
Diulang ulungake mesthi enggal
rampunge
Holobis
kuntul baris. . . holobis kuntul baris
Holobis
kuntul baris. . . holobis kuntul baris
Piwulang
ingkang saged kita pethik saking tembang
a. Nyambut
damel bebarengan saged enggal rampung.
b. Gugur
gunung/gotong royong kedah dijaga.
c. Kedah
rukun kaliyan tiyang sanes.
d. Makarya
iku kedah kanthi lila lan legawa.
C. Kasusastran
kang tinemu ing gendhing
1. Cakepan
inggih punika syair, tetembungan ingkang dienggo ing tembang.
2. Cengkok
inggih punika lak-luking swara kanggo nglagokake tembang.
3. Gendhing
inggih punika lelagoning gamelan kawangun saking mawarni aspek karawitan.
4. Gamelan
inggih punika piranti karawitan kanggo ngiringi tembang.
5. Laras
inggih punika rasa thinthingane swara cendhak nagnti dhuwur.
6. Titi
laras inggih punika angka minangka gantine laras.
7. Pathet
inggih punika ukuran cendhak lan dhuwure swara kanggo nglagokake tembang.
8. Pedhotan
inggih punika pamedhoting swara ing tengahing tembang ing saben lirik.
9. Senggakan
inggih punika unen-unen mawa lagu ing satengahing tembang kang binarung
swaraning gendhing.
10. Swarawati
inggih punika waranggana, pesindhen, penyanyi putri.
11. Wiraswara
inggih punika penyanyi kakung.
12. Gerong
inggih punika tembang kang dilagokake bareng karo gamelan kanggo mbarengi
gendhing.
13. Sindhenan
inggih punika tetembangan kang dilagokake dening waranggana.
14. Irama
inggih punika ukuran rindhik rikating penabuhing gamelan.
15. Bawa
inggih punika tembang kanggo mbukani gendhing.
16. Buka
inggih punika tetabuhan utawa swara kang kanggo bukani gendhing.
17. Niyaga
inggih punika paraga kang ngayahi nabuh gangsa.
18. Paniti
inggih punika paraga kang kajibah mranata tata rakitan gangsa ing panggungan
lan ngupakawis gangsa.
19. Karawitan
inggih punika gumelaring gangsa saprabote.
20. Saprangkat
inggih punika gangsa jangkep, laras Slendro lan Pelog.
21. Sapangkon
inggih punika namung laras Slendro utawi Pelog kemawon.
KAWRUH BUDAYA GAMELAN KARAWITAN
A. Pangertosan
Gamelan miturut Baoesastra Djawa W.J.S
Poerwadarminta inggih punika arane tetabuhan kang rericikane (instrumen) akeh
banget.
Bahan sing biasane dienggo nggawe
gamelan arup perunggu utawa gangsa (campuran tembaga lan timahsari), kuningan,
saha barut (wesi lan plat).
Musik gamelan Jawa umume nduwe nada
luwih lembut lan nganggo tempo luwih alon, gamelan Bali tempone luwih cepet, gamelan
Sundha musike mendayu-dayu lan didominasi swara suling.
Instrumen gamelan duwe fungsi dhewe2,
kayata kang murba lagu inggih punika
rebab, gender, bonang, suling, gambang. Kang mangku lagu inggih punika celempung, siter, lan balungan. Kang murba irama inggih punika kendhang,
bedhung, dhodhogan. Kang mangku irama inggih
punika kempul, gong, kethuk, kenong, kempyang, kemanak, kecer.
B. Jinising
Laras
1. Laras
Slendro : 5 nada inggih punika 1 2 3 5 6
Pathet ing laras slendro iku antarane,
pathet Nem (6), pathet Sanga (9), lan pathet Manyura (Myr).
2. Laras
Pelog : 7 nada inggih punika 1 2 3 4 5 6 7
Pathet ing laras pelog iku antarane,
pathet Lima (5), pathet Nem (6), lan pathet Barang (Br).
C. Rericikan
Gamelan miturut wujud
1. Wujud
Tebokan
Cara
nambuhipun dithuthuk (bedhug, tambur), dikebuk/keplak, tabok(kendhang).
a. Kendhang
1) Dipundamel
saking kajeng (klowongan/urung) saha wacucal.
2) Tebokan,
wacucal ingkang nutup kiwa tengene bolongan klowongan.
3) Janget,
tali wacucal ingkang kangge nyeneng tebokan.
4) Suh,
karah saking wacucal kangge ngencengi utawi ngendhoni janget gayut suwanten
kendhang.
5) Plangkan
: rancakan/piranti kanggo nyelehake kendhang.
o
Kendhang ageng/gendhing : paling gedhe.
o
Kendhang sabet/kosek/wayangan :
sedhengan
Biasane
ditabuh kanggo ngiringi pagelaran wayang.
o
Kendhang batangan/ciblon : sedhengan
Biasane
ditabuh kanggo ngiringi tari/joged lan gendhing.
o
Kendhang ketipung : paling cilik
Biasane
ditabuh bareng karo kendhang ageng.
b. Bedhug
c. Tambur
2. Wujud
Wilahan
Cara
nabuhipun dithuthuk.
a. Gender
1) Dipunrenteng
ngangge pluntur, dipunkancing ngangge sindik, saben let 2 wilah dipunsangga
ngangge sanggabuwana.
2) Pluntur
di pantheng dhateng golekan
3) Sangandhaping
wilah kaparingan bumbungan minangka resonator
4) Cacah
wilahan padatan 14 wilah, saka laras 6 ageng – laras 3 alit.
5) Wonten
kalih jenis : Gender Barung lan Gender Penerus.
6) Miturut
titi laras : Gender Slendro, Gender Pelog Bem, Gender Pelog Barang.
7) Tabuh
gender sinebat bendha.
b. Slenthem
1) Ugi
sinebat gender panembung/gender gantung.
2) Dipunrenteng
mawi pluntur ingkang dipunpantheng dhateng golekan, dipunkancing ngangge
sindik, saben let wilah dipunsangga ngangge sanggabuwana.
3) Sangandhapipun
wilah kaparingan bumbungan minangka resonator.
4) Miturut
titi laras : slenthem slendro lan slenthem pelog.
c. Gambang
1) Wilahan
padatan dipundamel saking kajeng berlian utawa kajeng lengki, rancakan ngiras
resonator.
2) Sarancak
oadatan isi 21 wilah, wiwit laras 5 andhap ngantos laras 5 inggil.
3) Miturut
titi laras : gambang slendro, pelog bem, pelog barang. Supados ringkes, gambang
pelog lajeng mawi sorogan wilah laras 1 lan 7.
d. Saron
1) Saron
Demung
o
Ukurane kira2 35,5 cm dawa lan lebar 9
cm.
o
Ngasilake swara paling cendhek.
o
Wilahan saking logam, dipuntumpangake
rancakan ngangge bantalan utawa tawonan, dikancing nganggo paku, rancakan
ngiras resonator.
o
Ricikan balungan ingkang ukuranipun
ageng piyambak.
o
Demung pelog sarancak 7 wilah : 1 2 3 4
5 6 7
o
Demung slendro sarancak 6 wilah : 1 2 3
5 6 1 nanging ugi wonten ingkang 7 wilah : 6 1 2 3 5 6 1
o
Tabuhipun sinebat gandhen.
2) Saron
barung/ricik
o
Jinis saron tengah2 inggih punika
antarane peking lan demung.
o
Wilah saron luwih gedhhe dibandhing
saron panerus ning luwih cilik dibandhing saron demung.
o
Saking logam, dipuntumpangaken rancakan
ngangge bantalan tawonan, dikancing nganggo paku, rancakan ngiras resonator.
o
Ngasilake swara luwih dhuwur saoktaf
dibandhing saron demung.
3) Saron
panerus/peking
o
Paling cilik ukurane.
o
Wilah saron panerus luwih cilik
tinimbang saron barung lan demung, nanging wilahane luwih kandel.
o
Wilah kang luwih dhuwur swarane, ukurane
luwih cilik.
o
Ngasilake swara saoktaf luwih dhuwur
tinimbang saron barung.
3. Wujud
Wilahan Pencon
a. Slentho
b. Gong
Kemodhang
1) Gong
wujud wilahan ngangge pencu, dipunrenteng ngangge pluntur, dipunkancing nganggo
sindik, dipunpantheng dhateng rancakan ing salabatipun kaparingan klenthing
kangge resonator.
2) Padatan
sarancak cacah 2 wilah, dipuntabuh teturutan.
3) Tabuhipun
sinebat gembel.
c. Kecer
1) Wujude
kaya piringan simbal nanging ukuranipun cilik.
2) Sarancak
isi kalih tangkep.
3) Cara
nabuh di aben wilah.
4. Wujud
Pencon
a. Bonang
1) Ditata
dadi rong baris (sab), saben sabaris gamelan slendro ana 5 pencon lan uga kang
ana 6 pencon, dadi cacahe ana 10 utawa 12.
2) Saben
sabaris gamelan pelog ana 7 pencon lan cacahe kabeh ana 14.
3) Sab
nginggil (tebih saking niyaga) sinebat brunjung, sab ngandhap sinebat dhempok.
o
Bonang Panembung : paling gedhe.
b. Kethuk
lan kempyang
1) Kethuk
wujud pencon kados ricikan bonang, padatan mawi laras 2 ageng.
2) Kempyang
mawi laras 1 inggih utawi 7.
3) Pigunanipun
kangge tandha ajeging wirama (pamengku irama) saha nedahaken jinising gendhing
(lancaran, ladrang, ketawang)
c. Kenong
1) Wujud
pencon, langkung ageng lan inggil tinimbang bonang.
2) Tumrap
saprangkat gamelan ingkang tumbuk laras 6, cacahing kenong padatan 10 pencon :
1s 2s 3s 5s 6sp 7p 1p 2p 3p 5p.
3) Kawimbuah
kenong japan laras 5 ageng.
d. Kempul
1) Digantung
neng gayor nganggo pluntur.
2) Perangane
: puncu, praen, widhangan/bahu, gegesan.
3) Gayor
ngayogjan padatan di sukani canthelan, rinengga cundhuk lunglungan.
4) Gayor
surakartan padatan boten mawi canthelan, rinengga cundhuk nagan.
5) Tabuhipun
sinebat gembel.
6) Saprangkat
gangsa tumbuk laras 6, kempul cacah 10, yaiku laras 1s 2s 3s 5s 6sp 7p 1p 2p 3p 5p 7p.
e. Gong
1) Gong
Ageng
o
Ukuranipun ageng piyambak, garis tengah
langkung saking 90 cm, dipungantung wonten gayor nggunakake pluntur.
o
Saprangkat gangsa ageng, padatan wonten
2 gong ageng laras 3 ageng lan 5 ageng.
o
Tabuhane sinebat gembel.
o
Duwe nada paling rendah dibanding swara
piranti gamelam liyane
o
Ditabuh kanggo tandha akhir gendhing
kang umum diarani gongan.
2) Gong
suwukan/siyem
o
Luwih cilik tinimbang gong ageng.
o
Diameter 50 cm nganti 60 cm.
o
Nada luwih dhuwur dibanding gong ageng.
o
Digantung wonten gayor ngangge peluntur.
o
Saprangkat mbutuhaken 6 suwukan.
o
Tabuhipun sinebat gembel.
5. Wujud
kawatan
a. Rebab
1) Cara
ngungelaken digesek mawi senggreng.
2) Gunane
kanggo murba lagu, gawe variasi lagu, lan uga kanggo mbukani gendhing.
3) Dipundamel
saking kajeng utawi gadhing, membran, saha kawat.
4) Peranganipun
inggih menika popor ngisor, cakilan, bathokan, membran, watangan, kupingan,
cundhuk, jendra, srenten, bremara.
b. Siter
1) Dipundamel
saking kajeng saha kawat.
2) Rancakan
ngiras resonator.
3) Amrih
ringkes, dipundamel wolak walik laras slendro pelog.
4) Cara
ngungelaken dipunpethik/cuwik ngangge kuku jempol asta.
5) Saben
titi laras dumados saking 2 kawat, caranipun nglaras dipunpathe.
6) Senggreng
dipundamel saking kajeng lan bubat (rambut jaran).
c. Celempung
1) Sami
kadosdene siter nanging langkung ageng.
2) Cacah
senare ana 11 lan 13 pasang.
3) Ukurane
dawa 90 cm, duwe 4 penyangga.
4) Ing
pagelaran gamelan, piranti iki kalebu kelompok panerusan lan duwe tempo cepet.
5) Tumrap
gangsa ageng/jangkep dipuncawiskaen celempung cacah 3, inggih punika laras
slendro, pelog bem, saha pelog barang.
6. Wujud pipa
a. Suling
2) Fungsine
kanggo variasi melodi.
3) Dipundamel
saking pring/deling.
4) Padatan
dipuncawisaken kalih, suling laras slendro lam pelog.
5) Dawane
kira2 setengah meter.
b. Kemanak
1) Wujudipun
memper gendhang.