KAWRUH SESORAH
A. Pangertosan
Sesorah utawi pidhato, ugi sinebat medhar
sabda inggih menika nglairaken gagasan, pemanggih, utawi osiking manah sarana
lesan ing sangajeng tiyang kathah. Pidhato utawi wicanten ing sangajenging
tiyang kathah menika boten gampil, pramila kedah nggadhahi sangu saha remen
gladhen utawi latihan. Tiyang ingkang sesorah utawi medhar sabda dipunsebat
pamedhar sabda.
B. Bab
ingkang dipun gatosaken nalika sesorah
Supados
nengsemaken ing samudayanipun pramila kedah nggatosaken :
1. Busana
(Ageman)
Anggenipun ngadi busana kajumbuhna
kaliyan kaperluwanipun, wonten ing adicara menapa ingkang badhe dipunayahi.
2. Subasita
(Trapsila, Tata Krami)
Trapsila ingkang kirang, ugi badhe
ngirangi kawibawan, ingkang wasana lajeng dados kirang nengsemaken. Solah bawa
sampun ngantos kadamel-damel, prayogi ingkang prasaja kemawon, anteng, manteb,
nanging boten kaken. Pramila menika saged gladhen wonten ing sangajengipun
pengilon ingkang ageng, mangke badhe manggihi patrap ingkang luwes tuwin
pantes. Saha kaudiya babagan ewah-ewahaning pasuryan, sageda nggambaraken
wosing penggalih, ingkang salajengipun jumbuh kaliyan swasana.
3. Swara
(Vokal)
Kedaling lesan kedah kagladhi, supados
saged langkung cetha kedaling swanten. Pocapan inggih semanten ugi, kaudia
saged mbedakaken swantening tembung-tembung ingkang medal kanthi cetha. Pramila
menika kaaturi gladhi sarana ngendika sakathahipun, kados saweg dados
pranatacara utawi pamedhar sabda ing sawenehing acara. Sokur menawi dipun
rekan, lajeng dipunpirengaken saha dipungatosaken pundi ingkang taksih kirang.
4. Basa
tuwin sastra
Basa ingkang kaginakaken kedah miturut
tuntunaning sastra ingkang leres. Basa ingkang trep ugi ngengeti tuntunaning
parama sastra ingkang leres. Pamilihing tembung, pangrakiting ukara, laguning
ukara (intonasi) ingkang cetha, kendho-kenceng, inggil andhap, rikat rindhik,
lsp. Ringkesipun basa ingkang komunikatif inggih menika basa ingkang kedah
angegeti :
a. Sinten
ingkang gineman
b. Sinten
ingkang dipunajak gineman
c. Sinten
ingkang dipun ginem
d. Swasana
nalikanipun gineman
e. Sami
mangertosi ingkang dipun ginem.
Pranatacara
lan pamedhar sabda kedah nggatosaken perkawis ingkang kedah dipun gatosaken
tuwin perkawis ingkang kirang mranani ingkang midhanget. Perkawis ingkang kedah
dipungatosaken, inggih punika :
Patrap
sarira tuwin pasuryan ingkang kedah katindakaken :
a. Jumeneng
kanthi sigrak tuwin jejeg, sikaping suku megar metawis kalih jobin, percaya diri
b. Asta
ngapurancang, sarira radi ndegeg, janggut katarik, namung sampun katingal kaku
c. Polatan
katingal sumeh, namung boten katingal kadamel-damel
d. Mriksani
dhumateng para pamirsa kanthi trapsila
e. Penggalih
dipunsarehaken, supados suwanten boten kapireng ndredheg
f. Wiramaning
wicara ingkang cetha sarta kajumbuhaken kaliyan kawontenan
g. Ngagem
basa ingkang alus, ananging boten perlu basa ingkang muluk2, supados gampil
dipunsuraos dening ingkang midhangetaken
h. Pangandikan
boten perlu muter2, ingkang cekak, ananging saged nyakup punapa ingkang badhe
dipunkajengaken.
C. Rantamaning
sesorah
1. Salam
pambuka : manut kapitadosan saha swasananipun.
2. Purwaka
: ngunjukaken puja-puji marang ngarsanipun Gusti saha atur panuwun marang para
rawuh sarta ingkang mbiyantu lampahing adicara.
3. Surasaning
basa/isi/wos sesorah : underaning bab ingkang dipunwedharaken.
4. Dudutan
(simpulan) : intisarining wedharan.
5. Pangajeng-ajeng
: bab ingkang dipunkajengaken dening ingkang nindakaken sesorah dhumateng
ingkang mireng.
6. Wasana
: atur panuwun saha atur nyuwun pangaksami anggenipun nindakaken jejibahan.
D. Jinising
Sesorah
1. Sesorah
kanthi cara apalan
Saderengipun sampun
damel seratan sesorah lajeng dipunapalaken tembung ngantos ukaranipun presis
kaliyan catetan. Asring dipunginakaken dening lare-lare ingkang nembe gladhen
utawi ajar.
2. Sesorah
kanthi cara naskah utawi teks
Juru pamedhar sabda
saestu bekta naskah, teks utawi catetan pidhato lajeng dipun waos sawetahipun.
Asring dipunginakaken dening para pejabat utawi punggawaning negari, mliginipun
ing upacara resmi.
3. Sesorah
kanthi cara dadakan utawi impromtu
Boten kanyana-nyana
saderengipun menawi badhe dipunaturi sesorah. Piyantunipun kedah ingkang sampun
beken lan padatan kersa medhar sabda. Kedah trampil ing pamicara saha kathah
pengalaman saha seserepanipun.
4. Sesorah
kanthi cara eksemporan
Juru pamedhar sabda
ngasta utawi damel catetan alit minangka gaman utawi pangemut-emut urutaning
ingkang badhe dipun ngendikakaken. Cathetan wau namung garis ageng ingkang
badhe dipunaturaken, ing salajengipun samangke dipun ngrembakaken piyambak.
E. Nulis
Sesorah
Wedharing pangandikan
kudu urut-runtut, cetha pilah-pilihane, lan isine pangandikan kudu jumbuh
kaliyan ayahane. Babaring pangandikan iku bisa kaperang dadi telung perkara
inggih punika :
1. Perangan
purwaka, ngemot :
a. Uluk
salam utawa salam pambuka
b. Pakurmatan
marang tamu
c. Puji
syukur marang Gusti Kang Maha Agung
d. Ngaturake
ayahan utawa jejibahane
2. Perangan
isi/wigati/inti, ngemot : (umpamane wakil panitya, wakil kang kagungan hajat)
a. Ngaturake
sugeng rawuh lan matur nuwun rawuhe tamu.
b. Ngaturake
ujuding gati/khajate (khajate apa, kapan kalaksanane, para tamu disuwun apa).
c. Ngaturake
agunging panuwun awit pambiyantune para mudha, masyarakat, lan sumbang sih
saking para tamu. Ora bisa atur piwales mugi Gusti ingkang males.
d. Nyuwunake
pangapunten awit sedaya kekirangan lan kaluputane minangka panitya.
e. Saupama
ana pejabat bisa disuwuni tanggap sabda mula.
3. Perangan
panutup, ngemot :
a. Para
tamu kasuwun nerusake anggone lelenggahan nganti purna (rampung).
b. Nyuwun
pangapunten kaluputane pribadhi.
c. Salam
panutup.
F. Tuladha
sesorah
Pidhato
Perpisahan Murid Saking Wakil Kelas 12
Assalamualaikum warahmatulahi
wabarakatuh
Kawilujengan saha
kabagaswarasan mugya tansau kajiwa kasarira dhumateng panjenengan sedaya
dalasan kula.
Bapak/Ibu kepala
sekolah ingkang satuhu kula bekteni, Bapak Ibu guru ingkang kinurmatan, kadang
kula sepuh kelas tiga ingkang kula tresnani, saha para lenggah ingkang satuhu
bagya mulya. Purwakaning atur sumangga tansah ngaturaken puja miwah puji syukur
dhumateng Gusti ingkang Maha Agung, ingkang sampun paring kanugrahan, rahmat,
sarta hidayahipun dhumateng panjenengan sedaya dalasan kula, satemah saged
kempal ing papan punika kanthi pinayungan karaharjan, tebih saking rubeda nir
ing sambekala.
Kadang kula kelas tiga
ingkang kula tresnani, ingkang sekedhap malih badhe nilaraken bangkuning
pawiyatan ........ punika. Saestunipun awrat,
kula minangka wakilipun kelas setunggal saha kelas kalih ngaturaken panampi
atur perpisahan saking kadang kelas tiga punika. Awit kadang kelas tiga sampun
kula anggep sedherek piyambak sapunika badhe nilaraken pawiyatan punika. Nanging
kados pundi malih, kados ingkang sampun dipun ngendikakaken wakil kadang kelas
tiga, bilih wonten pepanggihan tamtu badhe wonten perpisahan. Jer kula
panjenengan sami namung manungsa limrah boten kuwawi nyelaki pepstehening Gusti
ingkang Maha Agung.
Kadang kula kelas tiga
ingkang kula tresnani. Kula minangka wakil saking kelas kalih saha kelas
satunggal ngaturaken agunging panuwun dene para kadang kelas tiga sampun ikhlas
paring pitedah saha bimbingan ingkang ageng paedahipun. Kula boten saged atur
lelintu punapa-punapa, kejawi namung atur puja-pujiastuti wonten ngarsanipun
pangeran mugi sadaya sama kasaenan panjengan saged pikantuk lelintu ingkang
murwat saking Gusti ingkang Maha Agung. Ugi kula namung saged memuji, mugya
ingkang anggadhahi penggalih nglajengaken wonten ing pawiyatan luhur sageda
katampi, lan ingkang badhe langsung nyambut damel sageda tumunten pikantuk padamelan
ingkang trep kaliyan ilmu ingkang sampun kaudi wonten ing bangkuning pawiyatan
punika.
Para lenggah ingkang
kinurmatan,
Cekap semanten atur
panampi pamitan punika, menawi wonten kiranging atur kaladukaning wicanten,
kula tansah nyuwun agunging samudra pangaksami.
Akhirul kalam,
Wassalamu’alaikum warahmatulahi wabarakatuh
sumber : LKS Bahasa Jawa kelas XI SMA/MA/SMK