PAWARTOS



A.  Pangertosan
Pawartos inggih menika palaporan ngengingi kadadosan arupi paparan fakta saha data ngengingi kadadosan kasebat.
Pawartos saged arupi
1.    Lesan
Pawartos menika saged dipunwartakaken deming tiyang sanes kangge pamiyarsa lumantar swara. Dipungiyaraken lumantar radio, TV, utawi dipunwaos lugas.
2.    Tulisan
Kapacak wonten ing kalawarti.

B.  Unsur fakta
1.    Who : sinten ingkang tumindak
2.    What : menapa ingkang dipuntindakaken
3.    When : kapan dipuntindakaken
4.    Where : wonten pundi papanipun
5.    Why : kenging menapa saged tumindak kados menika
6.    How : kadospundi caranipun

C.  Jinising pawartos
1.    Pawartos langsung / straight news
2.    Pawartos mendalam / depth news
3.    Pawartos opini / opini news
4.    Pawartos photo

D.  Struktur panyeratan pawartos
1.    Irah-irahan / head
2.    Baris tengah / dateline
3.    Teras pawartos / lead
4.    Wos pawartos / body

E.   Prinsip panyeratan
1.    Nengenaken fakta ingkang wigati piyambak, antawisipun fakta saha opini boten dicampur saha seimbang.
2.    Wosing pawartos menika minangka faktaning saking kadadosan ingkang saged dipunsade wosipun, inggih menika :
a.    Aktual / anyar
b.    Faktual / nyata
c.    Wigati / penting
d.   Narik kawigaten
e.    Jangkep
f.     Cekak aos

F.   Perangan ingkang nemtokaken bobot biji pawarta :
1.    Aktualitas
2.    Sesambetan kaliyan papan kedadosan
3.    Sesambetan kaliyan unsur2 ingkang katut ing salebetipun kedadosan
4.    Sesambetan kaliyan padamelan pamaos / pamiyarsa
5.    Jangkepipun pawarta

G.  Ingkang perlu dipungatosaken nalika mirengaken pawartos ;
1.    Mangertosi kanthi cetha perkawis ingkang dipunaturaken
2.    Mbedakaken informasi ingkang wigati saha ingkang boten wigati
3.    Nyathet informasi ingkang leres saha premati

H.  Perkawis ingkang kedah dipungatosaken nalika maringi panyaruhipun inggih menika :
1.    Panyaruhipun menika sakmesthinipun dipunaturaken kanthi cekak aos, padhat , saha dipunronce kanthi sae.
2.    Perkawis utawi bab ingkang dipunparingi panyaruhipun kedhah cetha.
3.    Tembung2 saha ukara ingkang dipunginakaken kedah gampil dipunngertosi utawi dipunpahami.
4.    Panyaruhipun menika kedah dipunparingi lelandesan ingkang logis, saged ugi dipuntambahi fakta saha bukti2 ingkang relevan (nggadhahi sesambetan).

I.     Ingkang kedah dipungatosaken nalika maos pawartos inggih punika :
1.    Pocapan / lafal inggih punika nggatosaken vokal, konsonan.
2.    Lagu ukara inggih punika gegayutan kaliyan andhap inggiling swara/ nada.
3.    Kawijangan pocapan inggih punika gamblang dipunmirengaken saha leres tumraping pangagem basa.
4.    Pandelenging netra sasaged saged tajem mawas prabawa, kanthi pandulu jejeg.
5.    Solah bawa maos kaudiya ingkang santun miwah leres.

J.     Tuladha (straight news)
Piodalan Pura Widya Dharma Wedomartani
Sleman, www.jogjatv.tv
Atusan Umat Hindu ing Sleman lan sakiwa tengenipun, malem Kemis (25/1), nindakaken Upacara Pager Wesi ing Pura Widya Darma Wedomartani, Nglempak, Sleman. Upacara kasebat inggih rerangken  upacara piodalan pura kangge nyuceni papan ibadah amrih Umat Hindu tansah pinaringan pepadang.
Wiwit sonten, Umat Hindu ing Sleman lan sakiwa tengenipun, dhateng Pura Widya Dharma. Para umat bekta sesaji asil wulu wetu lan  maneka dhedhaharan minangka wujud bakti dhateng Ida Sang Hyang Widi Wasa. Upacara piodalan pura dipunpuput dening Ratu Begawan Manuaba, mengku ancas kangge nyuceni wewangunan pura. Bimas Hindu DIY, Ida Bagus Wika mratelakaken, upacara piodalan Pura Widya Darma  dipun tindakaken ngleresi Riyadi Pager Wesi minangka panyuwunan supados umat tansah pinaringan pepadhang lan ngindakaken  bakti dhateng  Ida Sang Yang Widi Wasa.

Upacara piodalan ing Pura  Widya Dharma kawiwitan Upacara  Mecaru, kangge njagi larasing jagat alit, inggih punika manungsa lan jagad agung inggih alam jagat raya. Kalajengaken medak tirta, medak betara lan kekidungan konjuk Sang Hyang Widi Wasa. Lampahing upacara binarung Gendhing Ganjur lan Tari Rejang Dewa kangge mapag tumedhakipun Ida Betara sarta Tari Topeng Sidakarya. Salajengipun Umat Hindu nindakaken upacara puja bakti. Ing pungkasaning upacara umat nampi bija lan tirta suci, lambang karaharjan sarta sucining lair lan batos. Upacara kados makaten dipun tindakaken saben taun ngleresi hadeging Pura Widya Dharma sarta Riyadi Pager Wesi. Ing ndalunipun Umat Hindu nindakaken Upacara Siwa Ratri, kanthi nindakaken jagra utawi wungon sedalu natas. Puja bakti dipun tindakaken ing Malem Siwa inggih punika malem pangleburing dosa. ( Purwanto )


Analisis
1.    Irah-irahan : Piodalan Pura Widya Dharma Wedomartani
2.    Dateline : Sleman, www.jogjatv.tv
3.    Teras : Atusan Umat Hindu ing Sleman lan sakiwa tengenipun. . . . (paragraf 1)
4.    Wos            : Wiwit sonten, Umat Hindu ing Sleman lan sakiwa tengenipun. . .
                      Upacara piodalan ing Pura  Widya Dharma kawiwitan Upacara  Mecaru. . .  (paragraf 2 lan 3)

Sumber            : buku Lks Bahasa Jawa kelas XI SMA/MA/SMK

                         www.jogjatv.tv  

Postingan populer dari blog ini

UYON-UYON

CERKAK

RESENSI NOVEL HUJAN