CERKAK
A.
Pangertosan lan ciri2
Cerita
cerkak utawi ingkang asring kacekak “Cerkak”, punika salah satunggaling wujud
prosa naratif fiktif.
Cerkak
ingkang limrah ciri2nipun inggih menika :
1.
Cariyosipun namung kadadosan saking
setunggal pragmen/adegan,
2.
Gadhah setunggal plot utawi alur,
3.
Setting ingkang tunggal,
4.
Cacahing paraga ugi winates,
5.
Cakupan wekdalipun ugi cekak.
Salah satunggaling
teges saking cerkak inggih punika kedah saged dipunwaos ngantos rampung ing
setunggaling wekdal rikalanipun lelenggahan. Teges2 sanesipun nyebataken cerkak
saha panjangipun saged katingal saking cacahipun tembung tembungipun inggih
punika 7.500 tembung. Ananging menawi katingal saking karya kontemporer cerkak
punika umumipun karya fiksi ingkang panjangipun boten langkungnsaking 20.000
tembung saha boten kirang saking 1.000 tembung.
B.
Unsur Intrinsik
Inggih
menika unsur ingkang wonten ing salebeting cerkak piyambak.
1.
Tema inggih punika underaning cariyos
ingkang dipunpitados saha dipundadosaken underaning cariyos.
2.
Latar /setting inggih punika panggenan,
wekdal, swasana wonten ing salebetipun cerkak.
a.
Latar papan
b.
Latar wekdal
c.
Latar kawontenan
3.
Alur / plot inggih punika reroncening
kadadosan ingkang wonten ing salebeting cariyos. Kaperang dados 3 :
a.
Alur
maju
inggih punika urutaning kedadosanipun manut kaliyan urutaning wekdal kedadosan utawi cariyosipun tansah
lumampah majeng.
b.
Alur
mundur inggih punika urutaning kedadosanipun boten miturut
urutan wekdal kedadosan utwai cariyos ingkang lampahipun mundur.
c.
Alur
campuran inggih punika campuran antawisipun alur maju
kaliyan alur mundur.
Alur
punika kaperang dados pinten2 tataran, inggih punika :
a.
Pangantar : perangan cariyos ingkang
awujud gegambaran wekdal, panggenan, saha kadadosan ingkang wonten ing
wiwitanipun cariyos.
b.
Wiwitaning prekawis : peranganing
cariyos ingkang minangka gegambaran prekawis ingkang dipunadhepi dening paraga
cariyos.
c.
Klimaks : prekawis ingkang wonten ing
cariyos ingkang minangka underaning cariyos.
d.
Antiklimaks : prekawis sekedhik mbaka
sekedhik sampun saged dipunlampahi, raos sumelang ugi sampun wiwit ical.
e.
Resolusi : prekawis sampun saged
karampungaken.
4.
Watak inggih punika gegambaran watak
utawi karakter paraga2 ingkang wonten ing cariyos. Bab watak saged dipuntingali
saking tigang aspek :
a.
Pacelathon paraga
b.
Gegambaraning paraga
c.
Gegambaraning blegeripun paraga
Kangge
nggambaraken watak wantuning setunggaling paraga, panyerat limrahipun
nginakaken teknik :
a.
Teknik analitik : kagambaraken kanthi
langsung dening panyerat.
b.
Teknik dramatik, watak paraga kagambaraken
kanthi :
1)
Nggambaraken baba badan saha
tindak-tandukipun,
2)
Nggambaraken lingkungan gesangipun
paraga,
3)
Basa ingkang kaginakaken paraga,
4)
Cara anggenipun mikir saking paraga,
5)
Cara wontenipun paraga sanes.
5.
Nilai / amanat / piwulang luhur inggih
punika piweling ingkang badhe kaaturaken dening panganggit lumantar cariyos
utawi piwulang ingkang badhe kaparingaken dhateng soksintena ingkang purun maos
cariyos dening panyerat.
6.
Cara panyerat nyariosaken / sudut
pandang / point of view, inggih punika kalenggahanipun panyerat rikala
nyariosaken.
a.
Minangka tiyang ingkang kapisan,
panyerat dherek minangka paraga ing cariyos ingkang kacariyosaken.
b.
Minangka tiyang ingkang katiga, panyerat
minangka dhalang ing cariyosipun.
7.
Gaya bahasa / lelawaning basa.
C.
Unsur ekstrinsik
Inggih
punika unsur2 ingkang wontenipun ing sanjawinipun cariyos ananging gadhah
pangaribawa ingkang boten langsung ing cariyos punika.
1.
Nilai2 ing salebetipun cariyos (agami,
kabudayan, politik, ekonomi),
2.
Latar belakang gesangipun panganggit,
3.
Kahanan sosial rikala cariyos punika
dipundamel.
D.
Nyerat cerkak
Caranipun damel cerkak kados mekaten
1.
Angen2 pengalaman ingkang sampun
kalampahan, lajeng pados tema ingkang trep kaliyan pemanggihipun piyambak.
2.
Damel cengkorongan (kerangka) cerkak.
3.
Mekaraken cengkorongan dados cerkak.
4.
Ingkang dipungatosaken inggih menika :
a.
Kedah wonten perkawis,
b.
Wonten permasalahanipun (konflik),
c.
Wonten endingipun (anti klimak)
E.
Tuladha Cerkak
Prabandari
Muridku
Lagi
setengah taun aku mulang SMA Negri Mblimbingsari. Ning rasane kok wis rumangsa
srek lan seneng. Murid-muridku isih ana rasa hormat lan patuh karo guru, uga
nggatekke yen diwulang. Kancaku paron, sing sepuh meh purna tugas ya ana,
sedhengan yuswane, lan saangkatanku munggah sithik, isih akeh sing padha
mbujang.
Awakku
klebu yunior neng sekolahan kono. Sekolahan kuwi klebu neng kutha Kabupaten,
dadi ya wis reja lan rame. Marang watak-watakke kanca-kanca guru, uga marang
murid-muridku, aku wis apal, mula ya bisa nyrateni. Nganti atiku krasa, yen aku
ditresnani kanca lan disenengi murid-muridku.
Jarene
aku mono guru sing humoris. Ana siji muridku wadon sing tansah dadi
kawigatenku. Kejaba bocah kuwi ayu ning ya pinter, cepet ngerti yen diterangke.
Ning ndhugale ……., ya ampun tenan. Yen rumangsa panemune bener, marang sapa wae
wani …. klebu marang aku gurune.
Bocah
kuwi yen durung ngerti. Ora sungkan takon ing wektu ngaso. Malah nalika tak
gawani PR saka sekolahan sing kudu ditumpuk Minggu ngarep, dumadakan
Prabandari, ngono jenenge muridku kuwi takon :
?Pak
Gun, penjenengan punika dalemipun pundi ta, pak ??
?O
…. aku neng kene mung kost kok, omahku adoh neng ndesa kana, dene olehku kost
neng Kampung Kenari Jl. Retawu No 7, ana apa ta Ndari ?? Pitakonku marang bocah
kuwi.
?Inggih
namung kepingin ngertos kok pak. Rak pareng ta menawi kula lan rencang-rencang
dolan mrika ??
?Wah
ya pareng banget, ning ya matur dhisik sak durunge, merga kegiatanku kampus
kuwi akeh banget?.
?O
…. inggih matur nuwun pak? kandhane karo mlayu ninggal esem. Ya esem kuwi sing
njalari K.O., aku sing isih jaka kumala-kala iki, ati njur marahi
gonjang-ganjing. Batinku : O Prabandari, wiwit aku mlebu mulang klas III
sepisanan, aku wis kasengsem karo citramu sing ayu ….. najan ndhugalmu ngluwihi
bocah lanang.
Tenan
….. lagi entuk telung ndina saka olehku nggawani PR, Ndari wis teka neng
kost-kostsanku ijen, mung saperlu laporan yen ora bisa nggarap PR-re. Jarene
durung dhong tenan nalika tak terangke.
Ning
ya tiwas kebeneran, aku bisa nyawang sak maremku marang dheweke neng omahku.
Mula kandhaku karo mapan lungguh ing kursi tamu :
?Ya
wis ta kene, tak terangke sepisan maneh, sing kowe nganti ngerti lan bisa
nggarap PR kuwi?.
?Inggih,
pak?. Prabandari banjur ngetokke buku lan uga kertas orek-orek saka tase.
Aku
ya njur gawe soal sing bakal tak anggo nerangke dheweke. Tak terangke lan tak
contoni soal ngati telu, dheweke lagi mudheng tenan. Sidane Ndari njur takon:
?Pak,
menawi soal PR kula garap wonten mriki kados pundi ??
?Wah
becike garapen neng ngomahmu wae Ndari, kowe bisa takon-takonan kara kancamu,
ning janji, ora nedhak lan ora kena kon nggarapke?.
?Inggih
pak, prayoginipun mangkeh kula garapipun piyambak?.
?Syukur
yen ngono, dadi kowe percaya karo awakmu dhewe?. Sarehne aku wong kost, mangka
manganku neng njaba, mula Prabandari ya ora tak suguhi apa-apa.
Dheweke
uga maklum. Bareng dheweke pamit mulih, lagi aku ajak-ajak :
?Ndari
!, nek ngelak metu jajan dhisik yuk karo aku ……, piye ??
?Ah
matur nuwun pak, mangga pak guru kemawon, mangkeh kula wonten nggriya kemawon?.
Nalika
salaman, tangane tak gegem kenceng, dene tanganku kiwa kober nyiwel pipine sing
mrusuh kuwi.
Prabandari
gage ngeculke gegemane, njur mberot mlayu marani motore, karo celathu :
?Ah
…. pak Gunawan ….. kok nakal, ngenjing kula critakke bocah-bocah lho, pak?.
?Aja
….. aja …. aja tenan Ndari ….. sorry nek ora dadi atimu?. Embuh krungu embuh
ora, aku kandha ngono, ning bocahe njur nggeblas sawise motore urip. Ana
sapletik rasa getun, e yagene ing atiku dumadakan wae ana rasa gregeten …..
neng bocah kuwi.
Ning
ya piye maneh, arep dikapakna wong jeneng wis kebacut, ya ngene iki sing njur
marahi mlorot wibawaning guru enom, padha luntur ing sangarepe muride.
Wayah
sore, rumangsa sumpek ana ngomah, aku ngglindhingke motorku mubeng-mubeng kutha
Kabupaten. Nalika tekan lapangan kepener ana tandhingan bal. Lapangan mau
sabrangan karo toko Supermarket anyar, sing ketara akeh pengunjunge.
Motor
tak inggirake banjur tak enggo lendhehan nonton tandhingan bal. Durung ana
limang menit ndadak ing sisihku ana kenya ayu mlaku ijen aruh-aruh :
?Mirsani
bal napa pak ?? Gupuh karo nyawang wong mau wangsulanku :
?Inggih
…., lha punika badhe tindak pundi ?? Wangsulanku kanthi basa alus.
?Wih
…. kalih muridhe kok basa ta pak guru ?? Kandha ngono, wong ayu mau mbukak
kacamata lan nglorot sleyere sing kanggo kudhung, marahi aku njur ora pangling
:
?Ya
…… ampun kowe ta Ndari, arep menyang ngendi ??
?Badhe
pados wedhak wonten Supermarket mriku, pak? wangsulane karo nggeguyu aku merga
pangling :
?Kosik
!….? kandhaku cepet-cepet, aku ngunci motor, bali nyedhaki dheweke.
Bareng
dalan rada sepi, tangane tak gandheng tak sebrangke ora suwala. Tekan ngarep toko
aku kandha :
?Kana
ndang blanja, mengko tak tututi, aku tak njupuk motor dhisik?. Prabandari mung
mesem karo manthuk-manthuk. Bareng motor wis tak titipke, aku gage mlebu toko
nggoleki Prabandari sing lagi blanja.
Kranjang
tak jaluk tak gawakake, aku mlaku neng mburine, jan …. kaya wong pacaran kae.
Aku ndedonga, muga-muga aja nganti kepethukan kanca guru luwih-luwih muridku,
mundhak neng sekolahan dadi rame. Tekan njaba aku nawani dheweke :
?Ndari
!, aku bisa kok ngeterke kowe mulih?.
?Sampun
pak, kula nyidhat margi namung celak kok saking ngriki?.
?Oya
wis yen ngono, aku tak bali nonton bal maneh?. Kandhaku kanthi ati gela.
Sabanjure, mundhak dina srawungku marang Prabandari saya raket. Sing marahi
kabeh mau, ndadekke atiku GR. Kayane Ndari krasa, yen aku tansah nggatekke
dheweke. Yen mripat padha dene pas tempuk nyawang, Prabandari mesthi mesem
manis … banget. Atiku dadi gonjang-ganjing ndayani anggonku mulang ora bisa
konsentrasi.
Nalika
wayah ngaso, dheweke ora metu, ning ngetokke taplak rendan sing durung rampung
saka tase, banjur nyikluk ngrenda. Aku nyedhaki banjur takon :
?Gawe
apa Ndari ??
?Ndamel
taplak meja, pak, budhe kula ingkang wonten Bandung dhawuh ndamelaken?. Aku
ngiling-ilingi karo ndumuk njur kandha :
?Nek
wis rampung, aku pesen gawekna ya Ri !? Kandhaku karo nyangklek neng cedhake :
?Wong
priyantun kakung kok remen taplak ta pak, mbok mbenjang menawi sampun
berkeluwarga utawi krama, kula kadho ta sampun, pak?.
?Ah
…. andak ana sing gelem ta Ri, karo aku ??
?Ingkang
purun nggih kathah ta pak, wong pak Gunawan ngganteng kok ?. Wangsulane Ndari
karo nyekikik mandeng aku.
Aku
eling yen ana njero klas, senajan ati isih kepingin cecedhakan, ning gage aku
ngadeg karo kandha lirih :
?Suk
aku tak golek sing ayu kaya kuwi ya Ri?. Pas aku tekan njaba, lonceng tandha
masuk sing diunekake pak bon muni. Aku bali mlebu klas bareng bocah-bocah, tak
delok Prabandari wis nglebokake rendane neng tase.
Embuh
mung rasaku, embuh ya piye, ning janji tempuk panyawange, Ndari mesthi mesem,
….. esem sing kebak makna jero mungguhing atiku.
Mangka
aku mono jejering guru, sing wajib digugu lan ditiru. Nanging kanggoku,
unen-unen kuwi mung kaya ukara apalan endah sing wektu iki ora nyenggol atiku.
Meneng-meneng
citrane Ndari muridku sing ayu pawakan bongsor kuwi, mundhak dina saya mundhak
mlebu keket ing atiku. Piye ya, apa Ndari ya duwe rasa kaya rasaning atiku ?
Ah
embuh … kabeh isih mujudake cangkriman sing batangane isih siningit. Bel bubar
sekolah keprungu saka ruang klasku, bocah-bocah wis wiwit padha metu. Aku
sendhen ana lawang klas, ngawaske murid-murid sing padha bubaran. Kaya padatan,
Ndari angger liwat ngarepku, wektu kuwi ora mung mesem, ning mringis karo
njarak mlaku mepeti karo nggone lehku ngadeg, kepara nyenggol-nyenggol
lengenku.
Atiku
mak nyes rasane, ning pikiranku njur kuwur.
Nalika
aku ngawaske lawang regol sekolahan, aku weruh ana mobil sedan Starlet metalik.
Ndadak bareng Ndari tekan latar, sopir sedan kuwi medhun methukake Ndari, njur
ngrangkul karo ngesun, sing ditanggapi dening Ndari kanthi bungah.
Meruhi
Ndari mbukak lawang sedan njur lungguh njejeri sopire, atiku mengkap-mengkap
panas banget. Semprul tenan batinku, jelas kae mau dudu abdi methuk bendara,
ning mesthi pacare Ndari. Wong bocahe resik tur ya bagus, gek umur-umurane ya
sajajar yen karo aku. Oh…… atiku lara …. nrangkel …. ngrantes ….., ning aku ora
bisa apa-apa.
Tekan
ngomah, tas tak uncalake, tanpa nyopot sepatu, aku njur ngebrukake awakku neng
dhipan. Batinku ora trima. Yoh Ndari, awas wiwit sesuk aku ora bakal nyaruwe ….
nggatekke …. sudi apa aku mbok tandhing-tandhingake karo jaka bagus ?
Ya
wiwit kuwi, aku mbudidaya ora nggape lan nggatekke Ndari. Yen aku ana klas
ngadhepi bocah-bocah, aku ora tau ngawaske dheweke, yen pethukan nggiwar utawa
mlengos, wis pokoke aku tansah ngedohi dheweke.
Senajan
sejatine atiku nangis ….. sikapku sing ngene iki wis ana rong Minggu, embuh
nganti kapan aku ora ngeti. Minggu sing katelu, wiwit dina Senen tekan Kamis
Ndari ora mlebu, kancane uga ora ana sing padha ngerti, lan ya ora ana sing
mamitke.
Dina
Jum?at esuk, ing regol sekolahan ana sedan sing kanggo methuk Ndari dhek emben,
sopire ya bocah bagus kuwi.
Diterke
dening pak bon, bocah kuwi nothok klasku, sejatine aku wegah nemoni, ning piye
wong iki tamu. Sawise aku metu cah bagus kuwi takon kanthi alus:
?Punapa
leres pak, penjenengan pak Gunawan guru wali klasipun Ndari ?? Wangsulanku
entheng :
?Inggih
…. wonten punapa ??
?Anu
pak, kula nyuwunaken pamit Ndari, piyambakipun wiwit dinten Minggu punika
sakit, sapriki dereng mantun, ngantos mboten saget mlebet sekolah?.
?O
…. inggih, lha penjenengan punika pernah punapanipun ??
?Kula
pak ?, kula punika kamasipun Ndari ingkang wonten Bandung, punika pinuju
libur?.
Dheg
….. atiku mak jleg …. . Aku wis salah sangka, wis nduga sing ora-ora. Gage wangsulanku
:
?O
inggih dhik, inggih, atur penjenengan sampun kula tampi?. Wusana bocah bagus
kuwi njur pamit bali.
Bali
gumawang citrane Ndari sing wis tak ewani nganti rong Minggu, atiku dadi welas
lan mesakake banget. Aku rumangsa getun kapati, rumangsa dosa marang dheweke,
dene kok wis gawe laraning atine.
Mesthi
wae Ndari ya ora ngerti, geneya aku ewa marang dheweke. Jebul atiku sing
keweden, yen nganti kelangan cah ayu Ndari.
Kamase
ndak sengguh pacare. Pantes dhek ngrenda taplak kae jare sing weling budhene
sing neng Bandung, mesthine ya weling kamase kuwi.
Rasane
atiku njur notol banget, selak kepingin weruh muridku sing tak tresnani kuwi,
lan yen perlu, aku bakal njaluk pangapura.
Wayah
sore tangi turu ngaso awan, aku mara neng omahe sing wis diwenehi ancer-ancer
cah bagus kamase Ndari, dhek teka mamitke kae.
Nalika
aku uluk salam sing ngetoni ya kamase kuwi. Gupuh-gupuh anggone ngacarani
tekaku :
?Mangga-mangga
pak Gun, punika bapak ibu tindak arisan trah, kula ingkang kadhawuhan nengga
adhik. Lha punika Ndari taksih ngaleleh wonten kamar petilemanipun. Dereng
purun ma?em, pak. Mangga ta, pak , kula aturi ngendikani !?
Aku
di ajak kamase, mlebu kamare. Ndak delok Ndari mblujur krukuban slimut rapet.
Aku lungguh neng lingir dhipane. Kanggo wangun-wangun karo kamase aku takon :
?O
inggih …., sampun tepang kok kula dereng ngertos asmanipun, penjenengan sinten
dhik ??
?Kula
Prabantoro pak, putranipun bapak ibu punika namung kalih, kula kaliyan dhik
Ndari. Gandheng budhe ingkang wonten Bandung mboten peputra, mila sak
rampungipun SMA, kula dipun dhawuhi nglajengaken sinau wonten mrika?.
?O
ngaten ta, dhik? Aku ngedhongi kandhane karo manthuk-manthuk. Tumuli kandane
maneh :
?Malah
ngaten inggih pak, mumpung pak Gun lenggah wonten ngriki, kula ndherek nggriya
sekedhap, badhe maketaken taplak rendan dhateng budhe ing Bandung, budhe rak
remen sanget rendan garapanipun Ndari?.
?O
inggih mangga dhik, kula ingkang tengga dalem?. Kandhaku bungah. Bareng swara
mobil wis metu pekarangan, kemul sing kanggo nutupi raine Ndari tak bukak …,
aku kaget. Merga raine Ndari sing pucet banget …. gek bareng ngelekke mripate,
banget olehe cowong. Aku nyedhak nyangklek ing raine, karo kumlesik ing kupinge
aku takon :
?Ndari,
kowe lara apa ??
?Sakit
manah? wangsulane cekak. Kandha ngono iku bali narik slimute krukup karo
ngiringke awake ngungkurake aku.
Nalika
bantale ketarik mingset, aku weruh buku harian cilik, sing sajake mau diseleh
ing ngisor bantal.
Buku
gage tak saut njur tak bukaki. Tekan halaman keri dhewe, sing cetha dina lan
tanggale lagi dhek wingi ditulis, banjur tak waca sing unine ngene :
Wis
rong Minggu, pak guruku nggantheng sing tak tresnani kuwi njothak aku, sing aku
ora ngerti sebabe. Atiku susah, lara, semangat sinauku ilang, njur marahi aku
wegah mlebu sekolah. Wusanane aku dadi lara nganti saiki. Yen sajroning lara
iki dheweke ora ngaruhke, aku bakal metu lan pindhah sekolahan. Semono mau yen
aku mari. Upama ora, tresnaku marang pak Gun, bakal ndak gawa mati.
Rampung
maca mripatku nrocos ora kena ndak ampah. Ya ketang rasa welas, trenyuh, lan
keduwungku sing mbangeti. Dhasar ngomah sepi, Ndari sing turu miring krukupan
iku, kemule tak sebrot, aweke tak glebagake tak ruket kenceng karo kandhaku
groyok :
?Ndari,
apuranen aku ya, aku salah, aku kleru panerka, kamasmu tak arani pacarmu. Gek
mari ya Ndari ! njur mlebu sekolah maneh, aku wis kangen banget?. Ndari
nyawangi aku mencereng ning njur kaca-kaca. Dheweke isih tak kekeb kenceng karo
tak arasi bathuk lan pipine, sarta wola-wali anggonku njaluk ngapura. Ndari
njur takon lirih :
?Kok
pirsa, pak ??
Aku
gage nuduhake buku hariane. Dheweke mesem, senajan luh sing metu saka mripate
mundhak deres. Aku kandha lirih tak tempelke ing kupinge :
?Ndari,
gek mari ya !, njur mlebu sekolah, aku tresna kowe Ndari ! Ngati lulus SMAmu,
nganti rampung kuliahmu, aku bakal setya nunggu sliramu Ndari, ketang gedhene
tresnaku?.
Krungu
kandhaku mau, Ndari nyawang aku tajem, banjur ngruket aku genti, ngati
kuwalahan anggonku ambegan. Ngono mau nganti sawetara. Bareng keprungu gerenge
mobil mlebu pekarangan, aku gage njranthal neng kamar tamu api-api maca koran.
Let sedhela jedhul …. Toro wis bali njur kandha :
?Wah
matur nuwun sanget inggih pak, malah tambah ngrepoti?.
?Ah
mboten dados punapa dhik? wangsulanku bungah. Bareng wis omong-omong sedhela
karo Toro, aku njur pamit mulih. Saka kamar tamu, aku kandha rada seru tumuju
Ndari ing kamare :
?Ndari
gek ndang mari ya, njur mlebu sekolah. Kanca-kancamu wis padha kangen?. Saka
kamar ora keprungu swara wangsulan, ning atiku mesthekake, yen Ndari sedhela
maneh bakal mari, waras saka larane.
Lumakune
taun ora rinasa.
Ing
wayah esuk, aku nglorot gas motorku, lakune gledhenganku pancen tak gawe
lon-lonan ngiras ngresepi segere hawa esuk.
Arahku
ngalor tumuju Kaliurang, ing mburiku ngethepel nempel geger mahasiswi tingkat
telu jurusan sastra, sing undang-undangane Ndari. Ing driji manise rinengga
kalpika pepacangan, kanthi ing njero inisial jenengku.
TAMAT
Sumber
buku
Lks Bahasa Jawa kelas XI SMA/MA/SMK