CERKAK
A. Pangertosan lan ciri2 Cerita cerkak utawi ingkang asring kacekak “Cerkak”, punika salah satunggaling wujud prosa naratif fiktif. Cerkak ingkang limrah ciri2nipun inggih menika : 1. Cariyosipun namung kadadosan saking setunggal pragmen/adegan, 2. Gadhah setunggal plot utawi alur, 3. Setting ingkang tunggal, 4. Cacahing paraga ugi winates, 5. Cakupan wekdalipun ugi cekak. Salah satunggaling teges saking cerkak inggih punika kedah saged dipunwaos ngantos rampung ing setunggaling wekdal rikalanipun lelenggahan. Teges2 sanesipun nyebataken cerkak saha panjangipun saged katingal saking cacahipun tembung tembungipun inggih punika 7.500 tembung. Ananging menawi katingal saking karya kontemporer cerkak punika umumipun karya fiksi ingkang panjangipun boten langkungnsaking 20.000 tembung saha boten kirang saking 1.000 tembung. B. Unsur Intrinsik Inggih menika unsur ...